Ziarah – Jiarah

Wis suwe dhuweni pepinginan ziarah (maneh) nang Sumur Kitiran Kencana, Patung Ibu Risang Sungkawa kang ana ing Greja Maria Asumta Pakem. Bab Sumur Kitiran Kencana – Patung Ibu Risang Sungkawa, wis akeh sing nyritaake. Buku anggitane Rama Sindhunata jejuluk ‘Aburing Kupu Kuning’ nyritaake awal mula sumur kang mapan ing njero greja. Saiki ora arep nulis tentang buku, iki tentang ziarah.

Ziarah, jiarah jarwane siji sing diarah. Ziarah itu nglakoni lelungan lan anamung siji sing diarah. Apa siji kuwi, saben wong yo beda-beda. Ana sing ngarah weninging pikir, kamulyan, kalungguha jabatan, nduweni raja brana, lan liya-liyane malah ana uga sing ngarah jodo. Jodo lan rezeki sing dingerteni iku asale seka Gusti piyambak, mula ziarah kanggo nemoni jodo opo rezeki iku dudu barang aneh. Siji sing diarah iku mujudake fokus marang apa kang dadi pepinginan.

Ziarahku iki ora iku kabeh. Ora ana sing diarah, ora ana nyenyuwun kang mirunggan marang Gusti. Yo mung pingin ziarah. Nek ditakoni lan kudu wangsulan: kenapa kudu ziarah? Wangsulanku: pingin ngrasakake kaya ngapa simbah mbiyen, taun patang puluhan utawa seket, tindak ngreja. Kiraku yo ing tahun samono simbah wis dadi dadi Katolik lan dadi warga greja Pakem iki. Pepastine soal tahun dadi Katolik lan apa bener umat Pakem, isih kudu tak golek katerangan sing gumatok. Ngertiku mung nisane simbah, sing seda tahun 1965, wis ana baptis: Bibiana. Wis tak goleki Bibiana (uga ana sing nyebut Viviana, Vivian) ini salah satunggaling wong suci (prawan lan martir) ing mangsa-mangsa awal kekristenan.

Kebayang tahun semana simbah tindak greja nang Pakem. Adohe udakara pitung kilometer saka lenggahe simbah ing dusun Karanglo Cangkringan. Jaman semana durung akeh kendaraan kayata saiki. Anane andong dokar utawa sepeda. Nek simbah tindak greja nitih sepeda, ya pantes wae amarga adohe. Ning nek mlaku, yo pantes wae. Ing bukune Rama Sindhunata dicritake simbah-simbah yen nang greja isuk umun-umun, mlaku ngawa blarak murub sing dienggo pepadang sak dalan-dalan. Aku mbayangke simbah kakung dan putri mbiyen ya kaya ngono kui.

Iku mau sing ndasari pepinginan ziarah tumuju greja Pakem (Gereja Maria Asumta), ora baen-baen: mlaku. Adohe udakara nem – pitung kilometer, wis tak ukur ngganggo Google Maps. Wis tak pilih dalan sing paling cedhak liwat tengah sawah lan dusun, dudu dalam amba sing biasane tak liwati nek ngganggo pit motor utawa mobil. Mlaku nuruti dalan sing ditunjuke Google Maps amarga durung ngerti ngendi dalan sing kudu tak liwati. Wis diniati ora mandeg ngaso, ngombe utawa jajan sak durunge tekan greja. Nek isa ya karo ngelelimbang wacan kitab suci ing dina iku (tak rungoke nganggo Airpods), ndonga lan nyanyi ing njero batin. Nek karo nyanyi utawa sembayang sora, lak diarani wong kurang sak ons mengko. Wektune sekira sejam seprapat. Kabeh wis tak persiapke.

Wis rada sak wetara awan anggonku mangkat, wis meh jam sepuluh. Dudu apa-apa, kudu ngenteni iki kira-kira udan apa ora. Rak ora lucu nek lagek mlaku tengah sawah, terus kudanan. Ngiyup nang endi to. Kanthi ati bungah lan gambira lelaku mlangkah sak langkah-sak langkah, nek langsung pirang-pirang langkah krungkeb yo.

Sapa Aruh
Sak dalan-dalan ketemu wong iya sapa aruh: nuwun sewu, monggo, tindak pundi, mlampah kemawon, lan matur nuwun iku ukara sing asring tak enggo mulai sapa aruh. Ing jaman korona kopid, metu ngomah nganggo masker wis ora cukup yen mung mesem. Mesem ora cukup, soale ketutupan masker. Sapa aruh iki tak pikir bab sing penting soale dhewe iki urip bebrayan karo wong liya. Bebrayan ora mung karo kadhang sadulur utawa tangga teparo cedhak nanging ugo kanggo sapa wae sing ditemoni sak jeroning urip iki. Padha-padha titah kang urip ning bumi sing siji iki.

Sapa aruh uga mrenani ing ati. Sajake dhewe iki ora dhewekan. Anggonku mlaku yo mung dhewekan, nanging sak dalan-dalan ana wae kancane, ana wae sing sapa aruh: cah cilik, bujang, prawan, ibu, bapak, lan simbah-simbah. Ana sing uga mlaku, banjur kepetuk. Ana sing lagi nang sawah, ngaso, dolanan utawa lagi wawan rembug karo liya-liyane. Iya krasa banget yen sapada-pada iku ya dadi sadulur. Sadulur yen ketemu yo sapa aruh.

Urip Bebrayan
Bab urip bebrayan sing tak temoni lan tak critakake iki dudu bebrayaning manungsa. Wingi iku aku nemoni ana bapak tani lagi mbajak sawah lan sak pirang-pirang manuk kunthul ana ing sandinge. Siji loro kunthul mabur ning mburine bajak sajake golek cacing utawa keong sing keangkat bajak. Liyane, akehe udakara welasan, sabar nunggu. Kunthul ora rebutan golek cacing utawa keong kui mau. Iki urip bebrayan sing tenan, ya ing antara para kunthul, ya ing antara kunthul – bapak tani sing lagi mbajak. Kunthul ora wedi karo bapak tani iku, ora wedi karo bajak sing dilakoke. Kunthul-kunthul ora rebutan. Kunthul malah nemu pakan sing akeh lan gampang. Bapak tani uga ora keganggu lan ora perlu ngusah manuk-manuk kunthul iku.

Rasaku iki ngelingke Gusti sing bakal nyukupi uripe manungsa (lan sato khewan uga mestine), lewat bebrayan nyukupi liyan. Cukup urip bebrayan, kabutuhane urip wis dicepakake Gusti. Sak liyane iku dudu cukup utawa kabutuhan nanging rasa pepinginan sing krasa dadi kabutuhan.

Waspada
Dalan sing diliwati ora kabeh dalan tengah pasawahan, pategalan dan dhusun. Tapi uga ngliwati dalan gedhe, sing liwat ya ana motor, mobil, truk gede cilik. Wis pokoke sak lumrah dalan gede. Nemoni dalan ngene iki, mlipir lewat tengen dalan luwih becik. Apik amarga bebaya ana ngarep lan bisa weruh dhisik. Nek lewat kiwa, malah bebaya seka mburi, ora diweruhi. Bebaya iku maujud kendaraan sing mlaku ing dalan gedhe kui mau. Ana wae kendaraan sing banter, sing mlakune minggir, amba rowa gawane, ndlenger lan liya-liyane.

Bab iki dak pikir aweh pelajaran yen urip iku kudu dipikir (mlaku ing kiwa apa tengen dalan), lan waspada yen to nemoni bebaya ing ngarep kana. Urip ki yo kudu dipikir, kaya unine Platon wong Yunani kuna: urip sing ora dipikir, dudu urip sing sak benere. Manungsa dilengkapi uthek sing kudune yo dienggo mikir, termasuk mikir urip sing ora mung dilakoni kanthi spontan.

Tekan
Ora krasa olehe mlaku wis sak jam luwih. Sakjane yo dudu ora krasa, soale dipasang aplikasi yen wis sak kilometer utawa setengah jam aweh tandha. Sikil yo wis krasa rada abot dienggo mlangkah. Eluh kringet uga dleweran nelesi kaos. Tapi kabeh mau ora dipikir, ngertine tujuane isih ana ngarep kana. Siji sing tak arah: Greja Pakem lan tanpa leren. Ngarah siji iku, fokus, ndadeake kahanan sak kiwa tengen lan uga ing badan dhewe ora pati dirasaake.

Urip kuwi ya kaya ngono, yen ana siji sing diarah, luwih gampang ngarah marang sing diarah. Liya-liyane iku nek ora dianggap gegoda, yo mung sak wetara sifate. Gegodan dan sak wetara iku dudu sing kudu dipikir lan dilakoni kanthi temen. Urip sing temen iku urip sing ngarah lan melu arahe seka lan bareng Gusti dhewe.

Donga
Kaya lumrahe wong ziarah nang Gua Maria, neng Greja Pakem iki tapi dudu gua ning patung Maria, nyumet lilin lan ndedonga. Lilin mujudake pepinginan karaben bisa fokus anggone ndedonga. Aku ora ndonga secara mirunggan, mung meneng mbayangke simbah mbiyen melu bojana ekaristi nang greja kene. Mbayangke simbah-simbah sing dicritaake ana ing bukune Rama Sindhunata kae. Mandengi pasuryan patung Maria, kasebut patung Ibu Risang Sungkawa. Rasaku iku wis dadi donga.

Patung Maria mapan ing samping altar, lan ing sangarepe ada sumur loro. Sing siji cilik dan sing siji luwih gede. Sumur cilik iku sumur sing pertama, sing awal. Sumur sing luwih gede iku sumur sing digawe tembe mburi. Sumur iku sing diarani Sumur Kitiran Kencana. Ana uga patung kodok lan anak bajang neng kana. Bab kodok ana hubungane karo awal mulane sumur kui, termasuk kembang pitung rupa.

Kabeh iku mau: patung, Maria, kodok, lilin, gedung greja, altar lan salib sarta suasana wis dadi donga. Donga syukur dene Gusti kui pancene wis nyukupi kabeh kabutuhan. Wis ora ana kurange.

Camcao
Ora watara suwe nang greja. Banjur mulih. Mlaku maneh wae, padahal ujare mlaku, ora ngaso, lan ora ngombe iku mung pas mangkat. Tapi ati bungah, langit sing mendung penak, rasanya sikil ya kuwat nek kudu mlaku maneh nem – pitung kilometer maneh.

Mulihe kok yo ketemu bakul camcao nang terminal Pakem. Wektu iku lagi sariawan. Biasane nek sariawan aku ngombe camcao ya terus suda krasa larane. Wah pas tenan iki. Ngelak, ngombe es camcao seger banget. Regane mung limang ewu, tapi critane bakule iku regane luwih nek satus ewu: akeh, lucu, ana wae sing dicritake, guyon akrab. Tapi ya sak cukupe, soale jejere dodolan bakso, mengko aku malah dadi pingin bakso. Ngono pikirku.

Lanjut mlaku maneh, dalane padha tapi sing ditemoni beda. Wis jam siji luwih lagi tekan omah maneh. Sikil rada kemeng, pegel. Sesuke sariawanku njur wis ora krasa lara banget. Apa iku walesane amarga aku ziarah mlaku? Kayane dudu. Ben wae ninggal misteri. Sumanggo.

Join the Conversation

1 Comment

  1. Bagus ceritanya, bhsnya sederhana, langsung menuju sasaran. Ada kt2 yg seharusnya lan ,tertulis dan , pempengaruhi rasa dlm cerita berbahasa Jawa.
    Penggambaran suasana terlalu simpel , akan lebih membawa suasana pembaca bila lebih detil 👍

Leave a comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *