Pantang lan Pasa

Ing mangsa prapaskah, iku mangsa kang dibukak Rabu Awu tekan Minggu Paskah, umat Katolik nglakoni masa pantang lan pasa. Anggering pantang lan pasa miturut agama Katolik pancene ora abot. Sakjroning prapaskah sing 40 dina iku wajibe pantang ing dina-dina Jumuah. Malah kewajiban pasa yo mung nang dina Rabu Awu lan Jemuah Suci. Apa sing dipantangke? Diwenehi conto: pantang uyah, pantang gula, pantang rokok, lan pantang daging. Masing-masing pribadi, kaluwarga, komunitas iso nentokke dhewe arep pantang apa. Terus nek pasa mung diatur supaya mangan sedina sepisan, kapan wae wektune.

Sak liyane sing wis ditentukake, ya oleh wae nentokake pantang lan pasa kanggo pribadi. Nek wis nyirik legi amarga nandang diabet, tentu pantang gula wis ora pas. Akeh uga sing nentokake sirik sing disenengi misale seneng nonton drama koreya, yo selama masa prapaskah ngurangi nonton. Sing nyandu nonton yutub, karaokean, saiki ngurangi. Karaben opo? Yo isa melu ngrasakake susah wong kang mduweni keterbatasan soal-soal iku mau.

Dipesenke uga yen masa prapaskah iku masa pamartobat, welas asih, lan luwih cedak maneh karo Kabar Kabingahan sing digawa Gusti Yesus. Merlokake luwih sering maca Kitab Suci, nglelimbang apa sing dikabarake Gusti Yesus Sang Sabda piyambak. Dielingake uga yen urip nang ndonya iku dudu urip dhewe nanging urip bebrayan. Maksude apa? Ya ing masa sing becik iki, temtu apik yen akeh donga sing sifate pribadi: ucap syukur dan nyenyuwun sing asipat pribadi. Ora ana salahe. Nanging kita uga kautus gawe ndonya iku memperi swarga. Ing urip bebrayan kita diwelingake: aweh tetulung, gawe bebungah, nglungani congkrah.

Suwek-suwek atimu, aja klambimu. Iki ujaran sing pas banget ing masa pamartobat iki. Dudu barang sing ketok (klambi) sing kudu disuwek tanda pasa tapi sing ora ketok, ati. Artine diri pribadi dhewe sing kudu ngerti apa tindakan pamartobat sing dilakoni. Ati sing wis atos, sing ora isa ngrasakake kesulitane tangga teparo saiki disuwek karaben isa melu ngrasakake. Ora mung ngrasakake malah kudu mlangkah: piye carane ben tangga teparo, sapa wae sing ditemoni, bisaa melu mesem ayem.

Ngelingi yen ora urip dhewe nanging urip bebrayan mula aweh derma diutamaake ing mangsa prapaskah. Pantang jajan, dhuwit sing kudune kanggo jajan, saiki dikumpulanke terus dienggo mbantu wong sing mbutuhake. Ketemu sedulur sapa wae sing kecingkrangan, ora owel ngetokake dana sing sithik yo oleh, akeh temtu saya pikoleh. Kabeh mau dilakoni kanthi kesadaran diri, ora mung netepi aturan lan angger. Tumindak sing kalakon adedasar kesadaran diri temtu nduweni biji sing luwih dhuwur tinimbang tindakan sing dasare kewajiban.

Kesadaran diri isa dibentuk ngganggo kebiasaan ngelelimbang kabar kabingahan sabda dalem Gusti. Maca kitab suci, nyimak, mikir-mikir, lan ngelelimbang warta kabungahan saben dina ing masa iki disurung banget. Yen ing Katolik nduweni jadwal wacan kitab suci padinan. Iki mbantu banget kanggo membiasakan diri utawa nuntun wacan apa sing arep diwaca, kitab utawa sabda endi sing arep dilelimbang, dikunyah-kunyah.

Malah ing jaman digital iki ora perlu maca, iso mung ngrungoake utawa nonton video. Jaman digital yang yo iso nyedakake, iso ngadohake manungsa ing urip bebrayan dan keimanan. Kabeh mau nang tangane awake dhewe. Mula ayo manfaatke jaman digital iki kanggo mbangun urip kang luwih diberkahi dan dirahmati.

Nek wis kui kabeh, mugi Gusti tansah mberkahi muga ing masa prapaskah iki isa nglakoni pamartobat seka ati kang jeru, tobat sejati, pamartobat sing bakal gawe urip sing luwih apik ing tembe mburi nganti pungkasaning urip. Amin.

Leave a comment

Your email address will not be published. Required fields are marked *